BAHASA JAWA KELAS XI GAMBUH


  GAMBUH 



   Serat wedhatama iku anggitane kanjeng gusti pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV.tembung serat tegese tulisan Utawa karya,Wedha tegese wilangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca.serat wedhatama dianggit wujud tembang macapat Pupuh pangkur,sinom,pocung, gambuh,kan kinanthi
   
A. maca lan nanggapi teks Serat wedhatama Pupuh Gambuh lan butik guru gatra,guru lagu,lan guru wilangan

  
         Gambuh 
      Samengkono ingsun tutur
      Sembah catur supaya lumuntur
      Dihin raga, cipta,jiwa,rasa, kaki
      Ing Kono lamun tinemu
      Tandha nugrahaning Manon
      
 Pupuh Gambuh ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 35 pada (bait). Sapada tembang gambuh kiwa Iki kawiwitan saka Tembung samengko tekan Tembung Manon
- guru gatra yaiku wewaton cacahe saben Sapada.guru Gatra saben pada tembang gambuh ana 5
- guru lagu yaiku wewaton dhong - dhinge swara Utawa sukon-wulone swara saben pungkasane garta.guru lagune tembang gambuh yaiku u,u,i,u,o 
- guru wilangan yaiku wewaton cacahe wanda(suku kata) saben sagatra (larik).dadi,guru wilangane tembang gambuh yaiku 7,10,12,8,8 
- supaya gampang dieling eling,guru wilangan lan guru lagune tembang pangkur,biasane ditulis : 7u,10u,8u,8o


B.Nemokake tuntunan ing serat wedhatama Pupuh Gambuh lan njumbuhake Karo kahanane berbayan

   Gambuh
 Kelak saya bertutur,
 Empat macam sembah supaya dilestarikan,
 Pertama;raga,kedua;sembah cipta,ketiga : sembah jiwa,dan keempat : sembah rasa, anakku disitulah akan bertemu dengan pertanda anugrah tuhan.

Pada Iki mung salah siji saka 35 pada ing Pupuh Gambuh serat wedhatama.saka pada kang wis dijarwakake dadi basa indonesia mau bisa ditemokake tuntunaning Urip,umpamane : 
  • manungsa kudu nyembah Gusti kang maha kuwasa
  • sembah marang Gusti kang maha kuwasa ana pantang werna yaiku sembah raga,cipta,jiwa lan rasa
  • manungsa Yen Wis nglakoni pantang sembah iku mau,bakale entuk anugrah saka Gusti kang maha kuwasa


C.nulis cakepan tembang Gambuh

   Nulis tembang macapat,kalebu gambuh iku kudu manut aturan kang gumathok,supaya bisa nulis cakepan tembang macapat(Gambuh), wiwitan kanthi gawe ukara bebas! Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatra,guru wilangan,lan guru lagune.cara nyocogake bisa kanthi gowahi tembung-tembung Utawa ngowahe papane Tembung.

Tuladha:
Prakanca sregepa Sinau : 7u : ayo pada sinau
Manut mituhu Karo guru : 10u : nggugu ujar piwulange guru
Aja nganti gawe cuwa lan lara ati : 12i : aja nganti nggawe cuwa lan lara ati
Tumindak sing saru : 8u : pa meneh tumindak saru
Tumindak mau ora kena diconto : 8o : iku ra patut diconto



Sumber : buku gagaran nyinau basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA 





Komentar

  1. Bagus saya suka saya sebagai orang tanah jawa mendukung dengan semua ini lanjutkan dan semangat

    BalasHapus
  2. Baguss dekkk lanjutkan😊

    BalasHapus
  3. πŸ‘ŒπŸΌ✌πŸΌπŸ€˜πŸΌπŸ€™πŸΌ

    BalasHapus
  4. Saya suka saya suka dan bagus

    BalasHapus
  5. Bagus banget teruskan dan kembangkan

    BalasHapus
  6. Cukup baguss,lanjutkan bakatmu.

    BalasHapus

Posting Komentar