BAHASA JAWA KELAS X SINAU SAKA CRITA
Sinau saka crita
Cerkak iku cekakan saka crita cekak, diarani crita cekak amarga critane pancen cekak,umure waktu kang dibutuhke kanggo maca cekak iku mung sedhela wae.A.maca lan nanggapi crita cekak lan niteni peran peranane
Cerita cekak iku karangan Utawa riptan kang sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni,bisa uga Muni saka kayalan Utawa rekane pangripta/pengarange wae .sanajan mangkono,perangan perangan kang mbangun wutuhe crita cekak andakane padha,perangan perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik,kang nyakup underane perkara(tema), paraga (tokoh)lan watake paraga(penokohan),lakune crita(alur/plot),kepiye pangripta anggone nyritakake(point of view),kapang lan papan kedadehane crita kasebut(seting) lan wulangan utawa tuntunan kang ditujukake marang pemaca(amanat)
B.nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks crita cekak lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Amanat Iku wujude gagasan Utawa gagasane panggarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca.amanat amanat Iku biasane gegayutan Karo niyat utawa pitutur becik umpamane bab katresnan kalebu Tresna marang,Tresna bangsa,Tresna budaya,lan sapunggale,saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan Karo pangibadah Utawa ketuhanan(religius),Setya marang negara(patriotisme),pendhidhikan,kabudayaan lan sapanunggalane.
C.nulis sinopsis crita cekak nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocok Karo konteks lan aturan
Sinopsis iku ringkesan isine crita,kalebu crita cekak urutan lan basane sinopsis ora kudu padha basa ing crita.sing baku,nalika nulis sinopsis paraga, watak,wose(intine)crita ora kena beda Karo sumbere,yaiku crita kang digawe sinopsis.nadyan mengkono,urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha Karo urutan ing crita iku.gampang rembug,sinopsis iku padha Karo nyritakake maneh nganggo basamu dewe
Sumber : buku gegaran nyinau basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA
Terus berkary
BalasHapuslike bangey
BalasHapusMantap mantap
BalasHapusBagus sekali
BalasHapusYwah
BalasHapus