BAHASA JAWA KELAS XII ALAM SAWEGUNG

ALAM SAWEGUNG

Geguritan

geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paungeran tinamtu.cacahe larik,cacahe wanda,cacahe pada,Tembung Tembung kang dipilih,lan surasane Kabeh merdika utawa bebas.gumanthung net atine nggurit.Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa)tinamtu,uga ana kang biasa biasa wae.

MACA LAN NANGGAPI ISINE TEKS GEGRUTAN SARTA NITENI PERANGAN PERANGANE
  • maca kanthi premati,Yen perlu dibolan baleni
  • nggatekaje ubungane larik siji lan sijine,banjur menehi tandha ngaso (/) Utawa sigeg (//). 
  • golekana tegese Tembung Tembung kang angel utawa aneh.bisa tegese lugu,entar,Utawa lambang
  • golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite
  • tambahan Tembung Utawa Wanda saengga ukaranw bisa cetha lan bisa ditemokake karepe



APA BEDANE
Dening Sudi yatmo

Apa bedane prosa Karo puisi
Bedane ana ati

Apa bedane ati Karo giri
Bedane mung perkara bumbune
Bedane apa bumbune Karo sing dibumbonu
Bedane rak mung ana ing wadah

Apa bedane wadhah Karo sing diwadahi
Kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa

Lha apa bedane manungsa Karo kewan
Ah iku urusane pangeran
(Mbangun tuwuh, angka 138)

Sumber : buku gegaran nyinau basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA
     

Komentar

Posting Komentar